Blogger Widgets

Selasa, 13 Januari 2015

Tembang Pocung



TEMBANG POCUNG

Ø  Tuladha Tembang Pocung :

Enthik – Enthik
Enthik-enthik patenana si penunggul
Gek dosane apa
Dosane ngungkul-ungkuli
Dhi aja dhi malati sadulur tuwa


Ø  Ciri – Ciri Tembang Pocung
              Wonten wanda :
o   Pucung,
o    Kaluwak
o   Wanda ‘Cung’

Ø  Wateke Tembang Pocung

o   Watake sakepenake
o   Kurang greget
o   Lumrahe kanggo nelakake geguyona
o   Lumrahe kanggo nelakake pitutur,
o   Kendur,
o   Mboten wonten klimaks
o   Mboten wonten klimaks  tujuan ing cerita
o   Kangge tebakan


Ø  Paugeran Tembang  Pocung
o   Guru gatra = 4
Tembang niki gadhah 4 gatra

Text Box: Wonten 4 GatraEnthik-enthik patenana si penunggul
Gek dosane apa
Dosane ngungkul-ungkuli
Dhi aja dhi malati sadulur tuwa

o   Guru wilangan = 12, 6, 8, 12
 Gatra setunggal 12 wanda. Gatra kalih 6 wanda. Gatra telu 8 wanda. Gatraa sekawan 12 wanda.
En  thik-en thik pa te na na si pe nung gul (12u)
Gek do sa ne apa (6a)
Do sa ne ngung kul-ung kuli (8i)
Dhi a ja dhi ma la ti sa du lur tu wa (12a)

o   Guru lagu = u, a, i, a
Akhir wanda saking saben ukara vokalipun u, a, i, a.

En  thik-en thik pa te na na si pe nung gul (12u) --à  u
Gek do sa ne apa (6a) --
à  a
Do sa ne ngung kul-ung kuli (8i) --
à i
Dhi a ja dhi ma la ti sa du lur tu wa (12a) --
à a


Ø  Isine Tembang Pocung ( Enthik – Enthik )
Nggambaraken regejegane driji ingkang padha padudon utawi ora rukun.
Ø  Gancaran Tembang Pocung ( Enthik – Enthik)
Driji panuduh (telunjuk) iku serik sebabipun dhuwure diungkul-ungkuli marang driji tengah utawa panunggul. Kegawa rasa serike niku, panuduh ngakon marang jenthik supados gelem mateni panunggul. Jenthik sing mboten rumangsa gadhah masalah marang panunggul, tangled maring panunggul kok kudu dipateni salah lan dosane napa? Tangled iku diwangsuli dening driji manis, sing ngandhakake yen salah lan dosane panunggul yaiku amarga dhuwure ngungkuli dhuwure driji panuduh lan driji manis.
O,... jebule sing serik karo panunggul ora mung panuduh thok, nanging kalebu driji manis iya mangkel amarga dhuwure diungkul-ungkuli.
Nalika driji manis aweh wangsulan marang jenthik, omongane si manis dirungu dening jempol. Sanajan kasunyatane jempol dhuwure uga kungkulan dening panunggul, nanging jempol ora serik, ora mangkel, ora lara ati. Kabeh iku mau wis dikodratake dening Gusti Kang Maha Kuwasa. Jempol malah ngelikake marang jenthik, supaya ora gelem nuruti panjaluke panuduh lan driji manis supaya mateni panunggul. Apa maneh kok mateni, milara wae marang sedulur iku ora kena. Sedulur tuwa misan.....! Bakal kuwalat....
Jempol ora mung ngelingake nanging uga ajak-ajak supaya karo sedulur iku sing padha rukun. Aja padha dredah lan tukar padu! Amarga dielingake dening jempol, wusanane driji lima ora padha padudon lan ora tukaran maneh. Malah rukun mad-sinamadan mangun bebrayan kang utama.
Ø  Pitutur – Pitutue/Nilai – Nilai Luhur
o   Wong sing enom kudu ngajeni lan ngurmati marang sing tuwa. Yen ora gelem bakal kuwalat, rekasa uripe.
o   Wong tuwa iku ora kena dicecamah, diisin-isinake apa maneh diwirang-wirangake
o   Sing tuwa ora kena sawiyah-wiyah, gampang ngumbar hawa nepsu, kumalungkung, kumawasa. Malah becike sing tuwa paring wewarah, ngelingake, ajak-ajak sing becik, paring tuntunan marang sing enom.
o   Kupaya sing enom bisa ngayahi panguripan kanthi trep lan lempeng mlakune. Becike, antarane sing tuwa lan sing enom padha makarya bebarengan menawa ana samubarang sing ora bener padha dielingake

Ø  TEMBANG DOLANAN

GAMBANG SULING

Gambang suling ngumandang swarane
Tulat tulit kepenak unine
Unine mung nrenyuh ake
Barengan lan kentrung ketipung suling
Sigrak kendangane

Tidak ada komentar:

Posting Komentar